Kamis, 02 Oktober 2014

Perkembangan Ilmu Teknologi

Ilmu Teknologi biasa disebut IT saiki wes tambah maju. Kemajuan iki didasari tekok akulturasi budaya ambek kemampuan manungso seng wes luwih pinter. Jaman biyen manungso mek iso nyopo koncone lek pas ketemu ndek dalan opo pas mampir nang omah e. Saiki awak e iso nyopo konco tekok endi ae gak terbatas waktu ambek tempate awak e dewe saiki, contone awak e iso telpon-telponan karo koncone awak e seng manggon ndek luar pulau. Awak e iso ndilok raine konco tekok layar monitor , ambek iso ngerti keadaan cuaca ndek tempat koncone awak e manggon. mungkin luwih akeh maneh kegunaan positiv tekok kemajuan IT iki. Tapi sayang kemajuan positiv iki yoh dibarengi ambek kemajuan negativ. Akeh uwong seng nyalah gunak no kemajuan IT iki konggo kelakuan-kelakuan seng bejat. Contone saiki uwong iso maen judi tekok monitor masio gak ketemu sak mejo. uwong iso maling masio gak sampek mbobol cendelo omah. Lah iki seng tak enteni, uwong iso ndilok wong ODUM-ODUM tekok layar hape masio gak melok ngerasakno Eeheheh !!. Mangkane iku rek awak e kudu isoo milih njupuk seng positiv opo negativ e, gunakno kemajuan IT iki kanggo alat seng iso nggawe awak e pinter, rajin, ambek berguna bagi nusa dan bangsa "koyok iyoo". Aku yoo gak munafik rek, aku milih positiv ambek negativ e ae tapi yoo rodok diakehi positiv e cek gak sampek ke jlungup. Lek jare bapakku "CEK ADIL" dipilih loro karo ne ae Jiahahaha :D
Ojok ditiru loh rek, kelakuanku iki mek gawe hiburan semata HAHAHAHAHA

Teknik Sipil


Teknik Sipil iku salah sijine cabang ilmu teknik seng mbelajari yokpo carane ngerancang, mbangun , ambek merenovasi gak mek bangunan opo fasilitas umum, tapi yoo tentang lingkungan seng apik gawe manungso. Seng di pelajari ndek teknik sipil iku akeh conto e pelajaran matematika, fisika, kimia, geology, biologi, lingkungan, sampek komputer.

Universitas Muhammadiyah Malang


Universitas Muhammadiyah Malang (UMM) iki salah sijine Perguruan Tinggi swasta ndek Malang. UMM mulai diresmekno dadi Perguruan Tinggi tanggal 1 juli 1968. UMM iki duwe 3 panggen kampus seng tersebar ndek Malang. Kampus 1 manggon ndek JL.Bandung No.1 , kampus 2 manggon ndek JL.Bendungan Sutam No.188a , kampus 3 iki seng terakhir manggon ndek Jl.raya Tlogomas. Tekok telung kampus iki terhubung kabeh. Lah 3 kampus iki digawe akeh fakultas seng ono ndek UMM yoiku Agama Islam, Hukum, Ilmu Sosial & Politik, Keguruan & Ilmu Pendidikan, Psikologi, Ekonomi & Bisnis, Ilmu Kesehatan, Kedokteran, Pertanian & Peternakan, Teknik, Pascasarjana, Program Doktor.

Selasa, 30 September 2014

Iki Kotaku Malang

Malang kota Pelajar !

Malang iku kota pelajar , disebut kota pelajar mergane Malang duwe akeh pusat pendidikan. mulai SD, SMP, SMA, sampek Peguruan Tinggi ono akeh neng Malang. Mangkane akeh arek tekok njobone Malang seng dolan nang Malang mergo pengen nerusake pendidikan neng Perguruan Tinggi. Akeh seng ngakoni lek Perguruan Tinggi ndek Malang iki duwe kualitas seng apik. Luwih tekok 15000 arek ben taun seng teko nang Malang daftar dadi mahasiswa. Gak kaget lek mariki Malang dadi kota transisi , soal e akeh pendatang tekok njobo ne Malang seng netap ndek Malang. Aku seng dadi arek Malang asli asline yoh wegah lek Malang bentaun tambah macet. Malang bien adem ayem , saiki sumuk gak karuan !