Kamis, 02 Oktober 2014

Perkembangan Ilmu Teknologi

Ilmu Teknologi biasa disebut IT saiki wes tambah maju. Kemajuan iki didasari tekok akulturasi budaya ambek kemampuan manungso seng wes luwih pinter. Jaman biyen manungso mek iso nyopo koncone lek pas ketemu ndek dalan opo pas mampir nang omah e. Saiki awak e iso nyopo konco tekok endi ae gak terbatas waktu ambek tempate awak e dewe saiki, contone awak e iso telpon-telponan karo koncone awak e seng manggon ndek luar pulau. Awak e iso ndilok raine konco tekok layar monitor , ambek iso ngerti keadaan cuaca ndek tempat koncone awak e manggon. mungkin luwih akeh maneh kegunaan positiv tekok kemajuan IT iki. Tapi sayang kemajuan positiv iki yoh dibarengi ambek kemajuan negativ. Akeh uwong seng nyalah gunak no kemajuan IT iki konggo kelakuan-kelakuan seng bejat. Contone saiki uwong iso maen judi tekok monitor masio gak ketemu sak mejo. uwong iso maling masio gak sampek mbobol cendelo omah. Lah iki seng tak enteni, uwong iso ndilok wong ODUM-ODUM tekok layar hape masio gak melok ngerasakno Eeheheh !!. Mangkane iku rek awak e kudu isoo milih njupuk seng positiv opo negativ e, gunakno kemajuan IT iki kanggo alat seng iso nggawe awak e pinter, rajin, ambek berguna bagi nusa dan bangsa "koyok iyoo". Aku yoo gak munafik rek, aku milih positiv ambek negativ e ae tapi yoo rodok diakehi positiv e cek gak sampek ke jlungup. Lek jare bapakku "CEK ADIL" dipilih loro karo ne ae Jiahahaha :D
Ojok ditiru loh rek, kelakuanku iki mek gawe hiburan semata HAHAHAHAHA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar